Nulis Ngagem Boso Jowo

by Senjakala Adirata

Artikel niki kulo tulis ngaggem boso Jawi, ing mbok bilih wonten ingkang mboten mangertos maos, nggih nyuwun pangapunten utawi nyongko radi primordial nggih mboten nopo-nopo.

Yen dipikir-pikir, boso Jawi meniko nggih sampun ajeng musno. Ning kapan musno ne, nggih mboten ngertos soale sakniki kathah tiyang Jawi ingkang mboten “NJAWANI”. Istilah beken meniko mpun mboten mangertos pribadine dados tiyang Jawi.

Tulisan meniko kulo tulis niru-niru artikel lutviavandi.com ingkang nulis ngaggem boso Jawi Suroboyonan.

Kulo lahir ing tlatah Watulemper kabupaten Semarang. Adoh kalian kutho lan ndeso banget. Lha, tulisan meniko kulo damel amargi prihatin kathah tiyang ageng utawi bocah-bocah ingkang cuek kaliyan boso Jawinipun. Mpun mboten ngurusi bosone Mbah Buyute. Luwih-luwih, ing desone kulo, sekolah dasar mpun wonten pelajaran boso Inggris. Meniko bocah-bocah yen nyeluk’i gurune ngangge istilah “MISS”, mboten “Bu”. Wah, yen di terus-terusaken, sanes boso Jawi thok ingkang musno, nanging boso Indonesia, ingkang dados boso pemersatu nggih bakalan amblas di untal jaman.

Salah setunggalinipun coro kersane boso Jowo mboten musno nggih di budaya’aken saking sakniki dumugi mbesuk-mbesuk. Mboten ngomong mawon nanging nggih nulis ngaggem boso Jowo. Yen mpun biasa maos utawi ngomong boso Indonesia, nggih rasa-rasane radi kangelan yen ajeng nulis. Nanging demi tresnone kaliyan budaya lokal, meniko saget-mboten saget di usahaake supados boso Jawi mboten musno.

Semonten tulisan meniko ing mbok bilih bosone campur-campur, kasar kaliyan alus, inggih nyuwun pangapunten.